Pages

Kamis, 26 Februari 2015

CONTOH PIDATO BAHASA JAWA

Assalamualaikum Wr.Wb.
Bapak ibu guru ingkang kawula bekteni
Para karyawan karyawati ingkangkinurmatan lan
Para  rencang ingkang  kula tresnani

                Sumangga kita sesarengan ngaturaken puji lan syukur dumateng Gusti Allah SWT, dene kula lan panjenengan sedaya sami pinaringan karaharjan ginanjar kasarasan.

                Para rawuh ingkang kinurmatan,
Keparenga wonten ing kalodhangan punika. Kula matur ing ngarsa panjenengan sedaya badhe ngandharaken bab “Wigatosipun ngolah uwuh SMPN 20 Malang”.

                Bapak ibu guru saha para rawuh ingkang winengku ing kawilujengan, wonten SMPN 20 Malang punika  gadhah 2 jenis panggenan uwuh , inggih punika uwuh organik lan uwuh anorganik. Uwuh organik inggih punika uwuh-uwuh ingkang saged dipunolah malih, kados ron,biting, lan sapinunggalipun.  Biasanipun uwuh organic punika dipundadosaken kompos ingkang saged dipundamel nyuburake taneman wonten SMPN 20 Malang punika, dados uwuh wonten SMP 20 mboten sepinten kathah. Uwuh organik nggih punika uwuh  kang mokal utawa angel ajur , kados dluwang,kaca,kresek lan sapinunggalipun. Uwuh organik saged dipun damel tas lan sapinunggalipun ingkang saged pajeng dipun sade.

                Nanging  uwuh kasebut naming kedah dipun pilah lan dipun olah dados barang enggal lan langkung wigunani, amargi punika dipunbutuhake kreatif ingkang ageng lan pawasan ingkang jembar ngenani caranipun ngolah uwuh.
                Kegunaanipun ngolah uwuh inggih punika saged ndadosaken lingkungan resik lan seger. Saged ngirit SDA , ugi  saged ngirit energi, mboten nyumpeti kalen alit. Uwuh ingkang sampun dipunolah saged dados barang enggal lan sae.

                Umpami uwuh mboten dipun olah , uwuh dados numpuk, saged nyebabake polusi udara lan nyebabake banjir. Wonten kelas punika murid-murid nggih mboten saged sinau anteng, amargi kathah laler lan nyamuk sliweran akibatipun kathah penyakit kados desentri, malaria lan sapinunggalipun .

                Cekap semanten atur kawula , kula ugi nyuwun pangapunten menawi wonten pitutur ingkang kirang nuju prana dhumateng para rawuh sedaya matur nuwun.

Assalamu’alaikum Wr. Wb 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar